Wonokairun tuku Rinso ndhik toko-ne Bunali. “Mbah, koq dengaren sampeyan umbah-umbah dewe?” takok Bunali. “Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
“Gak kliru tah Mbah”, Bunali bingung. “Iyo, soale kucingku akeh tuman-ne”, jare Wonokairun. “Wah iyo isok mate kucing sampeyan mbah.” Bunali ngilingno. “Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun. Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge. Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok. “Yok opo kucing sampeyan mbah?” takok Bunali. “Kucingku mati” jare Wonokairun. “Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. La opo kucing atik diumbah gak mergo Rinso, wong ono obat tumo” jare Bunali nyeneni. “Kucingku mati gak mergo Rinso” jare Wonokairun njelasno. “Opoko lho?” Bunali gak sabar. “Tak peres…”